Rabu, 07 Desember 2011

Sepatu Jebol


keriting tangan iki nulis ae ket mambengi ra turu. ngerjakno sampe jam setengah siji, akhire yo keturon sisan. trus jam telu digugah koncoqu ngejak sahur. gak sombong yo lek dino iku aku poso, hehe. tangi turu langsung jupuk wudlu ng jeding, solat tahajud papat rokaat, ngantuke ilang langsung (temenan iki) padahal lho, yo turu cuma rong jam setengah tok. barengunu Mangan lap lep lap lep cepet-cepet selak subuh. soale tahu iko pas sahur gak ngombe banyu putih amarga adzan subuhe cepet (ng ngalam iki). sahur karo ndelok bal-balan liverpool maen musuh fulham. klub kenter seng paleng disenengi karo koncoku iku. lha kebiasaan lek ng kos mari mangan langsung turu. rasane ngantuk berat pengen turu. tapi lha kok disetelno karlemenyer (video idiot lek didelok efeke langsung nggarahi ndazz ngelu). asem tenan tambah parah, wes ngantuk, tapi gak iso merem,..

akhire ngene iki,   gak iso turu wez, sampe jam songo. gak kakean ngomong mari adus, langsung budal ng kampus. padahal laporane dikumpulno jam rolas. mending budal ng kampus daripada galau dhewekan... tekan ng kampus malah akeh kumpulan wong-wong galau, astagfirullah..... ketokane aku sing palingsantai, laporanku kan wez bar ket mambengi, oke jon. Ng kono, Ono seng noto-noto kertas, yo jek ono sing nulis-nulis (parah), sampek ono sing misuh-misuh.

dilangsung ae ceritone. kurang jam rolas, laporane arek-arek wez podo ngumpul kabeh nang CO-ne. digotong bareng2 ng asdos. sepatuku iku jek durung jebol pas digawe mlaku. tapi pas arepe nyoplok, gak kenek, malah jebol. sepatu larang iku, ngawur ae..gak nyambung kan akhire lek kulih jarang tak gawe sepatu iku. emane rek. golek tukang jahit, daripada tuku anyar >>>emange duite mbahmuuuu


Lek iki contohne sepatuku rek, tapi iku cuma modele tok jupuk teko internet. sepatuku gak gelem difoto. mesti lek arep difoto nyengkreh....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar