Minggu, 11 Desember 2011

Kakean Panganan

Muleh ah ng kampung halaman. Wez lumayan suwe iki,  kiro-kiro kurang lebih teko sak wulanan aku ga muleh mrono. Kangen karo ibuk. Dino jumat wayahe kuliah erakhir (asyek). trus sorene ga ono kuliah. rencanane engko mangkat mari jumatan. Jam songoan kuliahe wez buyar rek, mari kuliah gak ono opo-opo langsung mbalek ng asmara. Aduh weteng ket mau keroncongan, males tuku iwak ah amarga segone karek sethitik ng kirin, langsung ae gawe emie. Kebiasaan arek ngekos, sithik-sithik gawe emie. Ojog ngawur panganan lumayan favorit iku. Mengko lek dipangan garahi usus bundeli koyo mie (jarene wong smg).
Mari mangan rasane ng awak kok ga enak yow, opo efeke gara-gara gawe emie mau. padahal biasane yo gak koyok ngene. Awak rasane panas, trus pegel2 pisan. Dlosor langsung ng singasane snorlax, gak isok tangi. delok hp jek jam sepuluh, jumatan kurang sak jam engkas. ditinggal turu ae sedilut bekmenowo pegele isok ilang...>>>,,<<<

Yo iki seng jenenge malapetaka, tangi-tangi lha kok wez jam rollas (subhanallah). Dhelok ng jendelo lha kok wong2 wez podo muleh kabeh. Wah jadian wez karo setan (setan paleng seneng karo wong lanang seng ga melu jumataan-- Jarene se ngunu menurut buku seng tahu tak woco). Soro tenan, yo iki hasile lek ng asmara dhewekan, si snorlax wez muleh dilikan ce. Tangi turu awak yo rasane jek gak enak ngunu, endhaz yo podo ae jek metu bintange munyer-munyer. akhire yo dlossoor maneh. rasa-rasane koyo gak menyesal blaz.

Jam loro tangi maneh, awak yo wez kroso rodo enakan titik, mblayu ng jeding, jupuk bayu wudhu. (dhuhuran). mari ngunu siap-siap arep budhal. dhelok jobo lha kog mendunge peteng dhedet,, (subhanallah),.. rasa-rasane udan iki, tenan to, udan tenan to, piye to cah. galau wez *penyakite arek jaman saiki (G-A-L-A-U)*
Rodo sore titik udane arep bar, ojo lali, ngadep ng Sang Pangeran dhisik (asharan). mari talos, ng ATM sek dilut, duek ng dompet entek, oke bro. Eh lha kok ATM ng kedokteran rusak>>> balek wez. Pas arep mbalek ng asmara Udane uwest bener-bener terang iki, gak kakean omong budhal langsung. Perjalanane kurang lebih rong jam-an. Akan tetapi lha ko wes jam limo,, gak popo... wes niat kok

Tuh kan, tekan ng kono bengi tenan to. ketemu karo ibuk, bapak, dulur2,..
ng kono yo ngunu iku, mangan, turu, mangan, turu, umbah-umbah soale aku yo gwo kumbahan teko ngalam, tapi yo ga terlalu akeh. Terus menene dijak dolen karo bapak, menene maneh balek ng ngalam. menene mene kan wes kuliah. eh lha kok digawakno duz karo ibukku, *sayang anak*.

Budhal ng ngalam numpak moi jalure yo podho koyo seng diliwati wingi, bedhane iki lebih panas, budhal mari dhuhuran.
Tekan ng ngalam sekitaran arepe ashar. eh lha kok snorlax wez tekan dhisik ng asmara, enak-enak dhelok *final destination 5* film sing temane wong diuber-uber kematian. Bare--ngunu buka duz sing digawakno ibuku mau. Isine panganan, yo ono beras, gulo, lan liya-liyane. Ternyata snorlax yo digawakno duz pisan karo mamane. waduh panganan numpuk iki. bengine gak usah tuku sego, mangan jajan tok iki wez mukok-mukok gak karuan.
ternyata waktu leyeh2 dhelok tv dikei panganan maneh karo kamar sebelah, nasib-nasib lagi mujur,

Tidak ada komentar:

Posting Komentar